Nyumbang sekiye

Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Sekang sing ngadegna Wikipedia Jimmy Wales.

Komersil kuwe apik. Iklan uga ora salah. Ningen kuwe ora ana nang kene. Ora nang Wikipedia.

Wikipedia kuwe spesial. Kiye kaya perpustakaan utawa taman umum. Kiye kaya padepokan pikiran. Kiye panggonan sing teyeng dinggo awake dhewek nggo mikir, sinau, mbagekna ilmune dhewek maring wong liya.

Dong Inyong ngadegna Wikipedia, Inyong jane teyeng nggawe kiye dadi perusahaan sing ngarah bathi ngganggo banner iklan, ningen Inyong mutusna arep nglakoni sing sejene. Inyong lan tim Wikipedia kerja keras nggo njaga perusahaan kiye tetep singget lan irit. Inyong berhasil nglakokna misi kuwe.

Angger kabeh sing maca surat kiye nyumbang $5, Wikipedia bakalan cukup nggalang danane mung sedina thok saben taun. Ningen nyatane mbok ora kabeh wong teyeng utawa gelem nyumbang. Lan kuwe ya ora apa-apa. Saben taun tetep ana baen wong-wong sing gelem ngaweh sumbangan.

Taun kiye, monggo direwangi urunan mbuh $5, €10, ¥1000 utawa pira baen seteyenge Rika nggo njagani ben Wikipedia bisa langgeng.

Nuwun,

Jimmy Wales
Wikipedia Founder

Sorry, we're having a little trouble detecting what country you're in. Please visit Ways to Give for international payment methods.